Guyonan

Iki ceritane kancaku sing tau urip ning asrama.

Ceritane ki asrama khusus cah lanang ning daerah Kedu, asrama kuwi dadi siji karo sekolahane.
Pengurus asrama duwe aturan sing ketat, yoiku sakbare jam 10 bengi, kabeh lampu dipateni, maksude ben bocah2 podo turu. Wis ngono mateni listrike langsung seko meteran listrik, dadi ora mung lampune sing mati, tapi kabeh listrik mati (maklum kejadian jaman kawak).
Lah ceritane kancaku kuwi biasane nguyuh ning kamar mandi sak durunge jam 10 bengi, mumpung ijeh ono listrik, ijeh ono lampu. Ning asrama ki bangunane wis tuwo lan rodo singup, mulane kebiasaane bocah2 kono podo nguyuh ning kamar mandi sakdurunge lampu mati jam 10 bengi.
Kejadiane pas kancaku iku keturon seko sore,.. tangi2 wis jam 11 bengi, trus malah kebelet nguyuh... blaik, padahal listrik wis dipateni kabeh, lampu ora iso urip.
Mergo wis kebelet, timbang nguyuh ning kathok, akhire kancaku kuwi mau nekat ning kamar mandi, padahal peteng ndhedhet...
Yo wis,... karo wedi2 sithik,.. ngragap2 akhire tekan ning kamar mandi,... trus ngragap2 meneh, tekan lawang. Dasar lampune mati, peteng ndedet, kancaku kuwi mung kiro2 wae, trus mlebu kamar mandi. Banjur, kiro2ne kancaku iku wis tekan ning ngarep kakus (WC jongkok),... ijek dalam keadaan peteng ndedet, kancaku mbukak kathok,... trus ngarahke "kran ledeng semata wayange" ning bolongan kakus (mergo peteng ndedet, kancaku iku cuma kiro2 nek ning ngarepe WC kakus jongkok)...
Akhire mulailah kancaku nguyuh...
Karo merem2 ngerasakke lego.... ngerti2 ono suoro njerit ning ngarepe " HWAAAAAA!!"
Kancaku kaget, girapen,... keweden,...trus melu njerit sisan " SETAAAAAN ",....karo mblayuuu nabrak ember,..trus tibo kejlungup. (aku ora ngerti, koyone "kran ledenge" durung dibalikke mlebu kathok... alias ijeh ingak-inguk ning njobo)...
Ternyata sak asrama podo kaget, trus podo metu kamar, curiga ono kedadean opo ?.... nganti bapak asramane metu, trus lampu diuripke meneh...
....
Jebule pas kancaku ngadeg ning ngarep WC jongkok iku, pas nguyuh,... ning ngarepe ono uwong ndhodhok lagi ngising.
dadi pas kancaku iku nguyuh, pas ning ngarepe raine sing lagi ngising.
... dadi kancaku iku nguyuhi raine kancane sing lagi ngising ning kono.
"pantesan, raiku kok anget ...", jarene bocah sing diuyuhi kuwi mau……







:~> Kepribadian wong iku didelok soko ENTUT’E <~:

Kepribadiane wong iku didelok soko ENTUT’E:
1)Wong gak Jujur: ngentut dewe nyalahno .
2)Wong Pelit: ngentute mek sak iprit.
3)Wong Sombong: ngentute dibanterno ben podo krungu kbeh.
4)Wong gak Gaul: Nek ngentut senenge ndelik.
5)Wong Plinplan: ngentut melok ngentut.
6)Wong Apes:
wong sing ngentut,mlh de’e sing di arani.
7)Wong Boros:
Nek ngentut gak cukup spisan.
8)Wong Loman:
lek ngentut d’bgi2no wong .
9)Wong Selingkuh: Nek ngentut di alon2no mek muni peess…..
10)Wong Ampuh: entute gak muni tp mblengeri. YANG MANAKAH ANDA…
11)Wong Nganggur: cek gelem2e moco mbahas mslh Entut…..


Lagu Doraemon Versi :

“aku ngene,
aku ngono.
Pengen iki pengen iku akeh tunggaLe.
Kabeh kabeh kabehe,
di kabuLken.
di kabuLken
ngangge kresek ajaib..
Aku pengen mabur bebas nang angkasa.
*Oy,kinciran pring!*
La La La…
Aku tresno buanget,
do-ra-ee-mon..”